Kamis, 29 Oktober 2009

Andaikan aku burung.


Andaikan aku burung.

>>ngarang crita<<

“Bi, ente karo nyong siki dadi golongan sing dilebokne daftar hitam karo manungsa, kaya golongane noordin m top, dadi golongan teroris.” Kandane manuk.
“Maksude ente merga dhewe kiye dadi pembawa virus flu, ngono? Pitakone babi.
“Iya”. Jawabe si manuk.
“Padahal dhewek rak ora njaluk kenang flu ta nuk, dhewek rak mung nglakoni kenyataan hidup ternyata harus kenang flu, wong enyong ya ora mayeng2 golet flu kongkon melu nyong”.
“Lha iya, lha sing nggawa mayeng2 dhewek, angin2an kosi kenang flu rak menungsa, dhewek rak mung manut menungsa wong dheke sing wenang ngatur. Malah sing nulari flu nang nyong ente rak manungsa, tremasuk dheke sing tidak bisa menata lingkungan untuk kita sehingga kita bisa sehat. Kayong kandange nyong sing ora prenah diresiki, tremasuk kandang ente, juga kandange ponakanku ayam, bebek dan lain2. Terus ari dheke membutuhkan kita, kudune rak dianakne vaksinasi kaya bayi2 manungsa nang posyandu kae, terus dianakne KB dadi ben populasine dhewek kuwe ora umpel2an kaya nggone ponakanku ayam kae”.
“Lha kuwe”.
“Kiye apa maning ari ente konangan perekan karo nyong, kuwe luwih dilarang maning. Jarene ngko pan mbikin virus flu baru yang bisa menyebabkan pandemi flu bagi manusia, priben jal ?” takone manuk.
“Nek nyong ta wis apa karep, nyong ta pasrah, wong nyong ora bisa usaha apa2, mung nyong duwe harapan kaya sing ente omong, mestinya manusia harus bisa mensejahterakan bangsa kewan, baik tempat tinggal yang memadai, aja kosi umpel2an, kecukupan gizi, penyelenggaraan imunisasi, termasuk ari perlu kecukupan alat atau obat kontrasepsi kaya implan, suntik apa pil, ngono”.
“Lah, ente ngarang bi, lha wong nggo nyukupi bangsane kana dhewek bae direwangi pada rayahan kok, apa maning nggo ngurusi bangsane sampeyan. Wis nyong pan lunga, mundhak diarani berkolaborasi karo ente nggawe virus flu anyar”.
Kang Atfal kesling sing ngrungokne omongane manuk karo babi ikut berkomentar: “Demikianlah, kalau kita mau mengambil manfaat dari siapapun, kita harus “sembada” alias konsekwen. Termasuk babi dan burung. Kita harus bisa menjaga kesehatan mereka sehingga kita juga sehat. Sehat untuk semua”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar